NAMA
: AWAL NOFIA ESTRY
NIM : 11015117
PRODI /KELAS : PGSD/3C
DOSEN : YB. MARIDJA, M.Pd
Jaman
biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji
Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae
lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe
pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing
kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti,
amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa
sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok
kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek.
Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa
kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing
wis kesohor amarga kepinteran lan
kasektiane. Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane
Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka
para punggawane sing weruh dhewe.
Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan
arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.Akhire Raja ngundang
Patih Hulubalang, Senopati uga pejabat utama kerajaan arep nggolek kepriye
carane nyekel Kyai Jamur. Bubar oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji
Pramosa banjur mutusake supaya Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni
wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan nganti tekan dhaerah panggonane Kyai
Jamur. Kyai Jamur dhewe krungu saka bature yen dheweke arep diusir. Bature Kyai
Jamur ngakon supaya cepet-cepet lunga saka papan panggonane.
Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane
sadurunge dheweke diusir karo Prabu Aji Pramosa.Prabu Aji Pramosa lunga karo
para punggawane teka ing panggonane Kyai Jamur, nanging wong sing diparani
malah wis ora ana ing papan panggonane. Krungu yen Kyai Jamur wis ora ana ing
papan panggonane
, Prabu
Aji Pramosa tambah murka lan ngobrak-abrik papan panggonane. Bubar ngrusak
panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus punggawa kerajaan mburu lan nyekel
sang resi. Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung
kanggo kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin
marang Prabu Aji Pramosa.
Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara
terus mlaku menyang ngulon ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah
sing saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana dheweke nemu guwa kanggo leren lan
dadi papan kanggo tapa.Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek
uga mlaku tumuju menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa
sing jebul ana guwa kana Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa lan punggawane teka
banjur Resi Kano dicekel lan dipateni.
Amarga kasektiane, mayite Resi kuwi ilang
utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun, durung ilang rasa wedine, Prabu
dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka tengah segara.Aji Pramosa
ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi kedadean sing medeni. Suwara gemuruh
lan angin ilang, nanging dumadakan teka naga saka tengah segara sing wujude
gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa. Ombake adi tambah gedhe, sahingga
akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki dijenengi Teluk Penyu.
Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang
dheweke lan para punggawane, kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji
Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga sarta naga mau banjur
ilang mbarengi ombak sing ilanging tengah segara. Bareng nagane ilang banjur
ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong
wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau
ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke
dadi manungsa maneh.
Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi
kembang wijayakusuma kanggo Aji Pamosa. Wong wodon iku ngomong marang Aji
Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa sing
bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing
tanah Jawa.” Putri iku jenenge Dewi Wasowati.
Dheweke banjur menehi weling menawa pulau iki
arep dijenengi Nusa kembangan. Nusa artine pulau lan kembangan artine kembang.
Bareng gantine jaman jeneng Nusa Kembangan akhire owah dadi Nusakambangan sing
saiki dikenal dadi pulau kanggo kunjara para tahanan.Prabu Aji Pramosa seneng
banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone
numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap,
nanging kembang iku tiba ing segara banjur
ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang
mau. Sawise tekan kerajaane, Prabu krungu warta menawa ing pulau karang cedhak
Nusakambangan ana wit aneh lan ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana
wohe. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok
Wijayakusuma sing diwenahi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji
Pramosa kelingan omongane Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang
Wijayakusuma bakal nurunake raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.
LAGU DOLANAN ANAK
Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja pada turu soré
Tidak ada komentar:
Posting Komentar